Jumat, 08 Mei 2020

WAWANCARA (WAWAN REMBUG ING BASA JAWA)

Ing perangan iki bakal diandharake materi kelas 8 semester siji, yaiku wawancara utawa wawan rembug. Sajroning basa Jawa, tembung wawan rembug dumadi saka rong tembung, yaiku wawan lan rembug. Tembung wawan tegese lawan utawa lelawanan, dene tembung rembug tegese nggunem sawijining prakara. Bisa kadudut yen wawan rembug iku mujudake tumindak kang nggunem sawijining prakara antarane wong siji lan sijine. 

Sajroning wawan rembug, ana paraga kang lelawanan nggunem perkara, yaiku narasumber lan pewawancara. Narasumber dumadi saka rong tembung, yaiku nara lan sumber. Tegese nara iku wong mulane tembung narasumber bisa nduweni teges wong kang dadi sumbere informasi saka kagiyatan wawan rembug. Dene pewawancara iku paraga sing golek informasi.



Tata cara nindakake wawan rembug yaiku:

  1. Nemtokake tujuwan lan topik, iki penting amrih pewawancara weruh tujuwan lan topik apa kang bakal dirembug sajrone dheweke golek informasi 
  2. Nyusun dhaftar pitakonan kanthi ngetrapake konsep dhasar 5W+1H 
  3. Nemtokake narasumber kang bakal dadi sumbere informasi sajrone kagiyatan wawan rembug. Pamilihe narasumber ora oleh angger, kudu wong sing bener-bener mangerteni ngenani topik kang bakal dirembug. 
  4. Nganakake pasetujon karo narasumber ngenani wektu, papan panggonan, lan konsep wawan rembug.
  5. Nindakake wawan rembug adhedhasar dhaftar pitakonan kang wis disusun sadurunge. 
  6. Nyathet bab-bab kang wigati (penting) nalika wawan rembug/ngrekam kagiyatan wawan rembug 
  7. Nyusun laporan asiling wawan rembug


Kanggo cathetan, nalika nindakake awan rembug ana bab-bab kang kudu digatekake antarane:
  1. Nggunakake basa sing sopan utawa ngetrapake unggah-ungguh basa ing basa Jawa
  2. Nganggo sandhangan kang sopan, rapi, lan resik amrih penak disawang amarga ajining raga saka busana
  3. Nalika narasumber paring informasi, aja munggel omongane narasumber (jangan memotong pembicaraan)
Konsep nyusun dhaftar pitakonan sajrone wawan rembug



Tidak ada komentar:

Posting Komentar